Jaman siki sing jenenge kemajuan teknologi inpormasi wis tekan maring tingkat dhuwur banget, buktine akeh metu sing jenenge situs jejaring sosial, contone: facebook, twitter, koprol yahoo, lan sapanunggalane.
Nah kiye, siki fesbuk nang dunya lagi ngetop pisan, sapa bae duwe akun, wong kota, wong ndesa, wong nderik, wong pucuk gunung tugel nganti tekan pasar manis, pasar wage be duwe akun... jajal apa ora top... Lah siki fesbuk lagi dadi trendsetter neng bocah sekolah/madrasah/mahasiswa/biyung-biyung/rama/kaki-kaki/nini-nini/bayi nembe klower ibarate wis pada ngerti sing jenenge fesbuk... ningen ya kuwe, khususon nek nggo bocah sekolah perlu dipikir maning manpangate fesbuk...
Jajal kiye dikomentari ya... apa sih manpangate fesbuk nggo bocah sekolah/madrasah?
sing komentar ulih hadiah, andhuk (tapi andhuke dewek)...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar